Postingan

geguritan sandi asma

TULADHA GEGURITAN SANDI ASMA Dhening : Anita Tri Utami 1. AKROSTIK Cidra Mring Janji A naning dalan iki dadi seksi N alika sira mblenjani janji I sih eling nalika sira maringi aku tamba T amba kang bisa gawe mari laraning atiku A nanging nyatane ngapusi T amba kang kok awehake malih dadi ri R i kang nyusuk ati iki nganti jero I ya , ati kang maune arep mbok mariake U wis cukup rasane anggonku nandhang lara T abeh ati iki merga dilarani terus-terusan A ku ora bakal percaya maneh M arang janji pawongan kaya kowe I lang kabeh rasa percayaku marang wong kang culika 2. MESOSTIK Nelangsa Wis pirang taun A nggonku ngenteni Tabeh ati iki N andang duhkita Duhkita merga lara I ng jero ati iki Rasane wis kebak T atu lara kang kok gawe Wes jero nganti A ti iki ora bisa ngrasake seneng Apa tresna kang tak T andang iki kleru Merga tak R asa-rasake malah nglarani Apa pancene rasa I ki pra pas anggone manggon Kenapa malah kaya dene U dan kang