geguritan sandi asma


TULADHA GEGURITAN SANDI ASMA
Dhening : Anita Tri Utami

1. AKROSTIK
Cidra Mring Janji
Ananing dalan iki dadi seksi
Nalika sira mblenjani janji
Isih eling nalika sira maringi aku tamba
Tamba kang bisa gawe mari laraning atiku
Ananging nyatane ngapusi
Tamba kang kok awehake malih dadi ri
Ri kang nyusuk ati iki nganti jero
Iya , ati kang maune arep mbok mariake
Uwis cukup rasane anggonku nandhang lara
Tabeh ati iki merga dilarani terus-terusan
Aku ora bakal percaya maneh
Marang janji pawongan kaya kowe
Ilang kabeh rasa percayaku marang wong kang culika

2. MESOSTIK
Nelangsa
Wis pirang taun Anggonku ngenteni
Tabeh ati iki Nandang duhkita
Duhkita merga lara Ing jero ati iki
Rasane wis kebak Tatu lara kang kok gawe
Wes jero nganti Ati iki ora bisa ngrasake seneng
Apa tresna kang tak Tandang iki kleru
Merga tak Rasa-rasake malah nglarani
Apa pancene rasa Iki pra pas anggone manggon
Kenapa malah kaya dene Udan kang ra uwis-uwis
Nelangsa, sedih, kelara-lara sing Tak tandang terus-terusan
Babar pisan Aku ora ngrasakne seneng
Yen ta pancen kaya  Mangkene kahanane
Aku mung bisa dedonga mugi Gusti Ingkang bales apa kang kok tindakake marang aku

3. Telestik
Aja Mblenjani Marang Wong Tuwa
Dek jaman semanA
Jaman kang isih diarani jaman edaN
Para anak padha wanI
Kaya dene kacang lali marang kuliT
Dheweke padha wani marang wong tuwA
Apa merga wis nduwe pangkaT
Kowe wani marang wong kang wis kliwat umuR
Aja pisan-pisan kowe mblenjanI
Marang dhawuhipun rama lan biyungmU
Merga bakal rugi donya akhiraT
Wis ditulis ana ing sajrone kitab agamA
Arep anak kang wis tuwa apa enoM
Kabeh padha-padha ora oleh nglakonI

Komentar

  1. Sangat bagus kak geguritannya

    BalasHapus
  2. Bagus banget geguritannya. Mungkin pemilihan diksi lebih diperhatikan. Selebihnya mantul 👍👍

    BalasHapus
  3. tuangkan semua karyamu lanjutkan 👍

    BalasHapus
  4. nggawe ngene ki angel ya mbak? mantap nambahi ide nulis geguritan

    BalasHapus
  5. walah jan apik, bisa untuk referensi anak-anak sekolah,..

    BalasHapus
  6. waw... geguritan yang sughoi !! opet punya anak berapa mbak? siap di qurban.

    BalasHapus
  7. Terimakasih, sangat membantu. Ditunggu postingan selanjutnya

    BalasHapus

Posting Komentar